Pages

Minggu, 21 Desember 2008

SALAH PRUNGON

01Sing arep dakcritakake ing kene, kedadeyan kang bener-bener dialami dening pawongan tangga desaku kang jenenge pak S. Pak S wektu kuwi bubar nyunatake anake liwat sunatan masal, maksude supaya ngirit ragad. Kanggo pantes-pantes, pak S niyat slametan dimen. Mula bengine Pak S banjur rembugan karo bojone, nemtokake sapa bae sing arep diundang, lan kepriye ujube acara mengko. Ngelingi saiki jamane lagi krismon, disepakati mung arep gawe takir kanggo wong sa-RT bae.

Awit rembugane kaya mangkono, mula ibu S olehe becer uga sacukupe kira-kira kanggo wong telung puluh.

Beda maneh sing ditindakake Pak S, dheweke malah ngundang wong sa-RW (patang RT). Lho kok ngono? Merga nalika rembugan karo Ibu S, krungune sing diundang "Sa-RW". Ndilalah Pak S lan bu S ya ora ngerti yen ana "kesalahpahaman" ngono kuwi.

Temenan, undangane wektu kuwi wis padha teka. Saiba kagete ibu S bareng ngerti tamune akeh banget mula ibu S malah mung nangis bae saking bingung lan isine. Wusana tangga cedhake banjur melu ngenthengake sanggane kulawarga sing "kesripahan" kuwi kanthi cara urunan sega.
Apa tumon? gara-gara salah prungon akeh sing ora kumanan sega. Mula tamune banjur padha kondur karo grenengan. (Taryono - Banjarnegara)